Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadio Wong kang Seneng Tetulung marang Liyan

Rab, 15 November 2023 | 13:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadio Wong kang Seneng Tetulung marang Liyan

Ilustrasi: khutbah (NU Online, Mahbib) 2.

Khutbah Jumat ini mengingatkan kita akan salah satu sabda Nabi Muhammad saw, agar kita menjadi orang yang bermanfaat bagi sesama. Salah satu cara agar hidup kita bermanfaat untuk orang lain, yakni dengan perbuatan saling menolong dalam kebaikan.

 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadio Wong kang Seneng Tetulung marang Liyan". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan dekstop). Semoga bermanfaat! (Redaksi)

 

Khutbah I  

 

 الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ  

 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Raos syukur tansah kita panjataken dhateng Allah ta’ala, sebab kelawan nikmat saha peparingipun kita taksih saget ngelampahi kewajiban ibadah wonten ing dinten Jumat punika.

Mugi-mugi kanthi syukur punika, saget nambahi iman saha takwa kita dhateng Allah. 

Iman lan takwa punika, dados sangu ingkang penting nalika kita urip ana ing Dunya tumuju maring Akhirat. Kados dene keterangan wonten ing QS Al-Baqarah ayat 197: 

 

 وَتَزَوَّدُوا۟ فَإِنَّ خَيْرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقْوَىٰ ۚ وَٱتَّقُونِ يَٰٓأُو۟لِى ٱلْأَلْبَٰبِ  

 

Artosipun: “Lan padha sanguo sira kabeh, mangka luwih bagus-baguse sangu, iku takwa (wedi) marang Allah. Lan takwa (wedi) ha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang anduweni akal.”

 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Ikhtiar kita kagem ningkataken takwa dhateng Allah ta’ala, saget dilampahi kanthi tansah ngeling-eling, bilih tugas kita ana ing Dunya, mboten sanes kejaba namung kagem ngibadah utawi nyembah dhateng Allah ta’ala. Gusti Allah paring dhawuh ana ing Al-Qur'an: 

 

 وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ  

 

Artosipun : “Ingsun (Allah) ora nyiptaake menungsa lan jin, kajaba supaya padha ngibadah maring Ingsun.” (Ad Dzariyat: 56) 

 

Jamaah Jumat rahimakumullah 

Cara ibadah dhateng Allah katah sanget. Salah setunggale, saget kita lampahi kangge tetulung marang liyan. Gusti Allah Swt sampun paring dhawuh:

 

وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ

 

Artosipun: ".. Padha tetulunga ing dalem kebecikan lan takwa. Lan aja padha tetulung ing dalem doso lan keawonan... (Al-Maidah ayat 2).

 

Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi paring dhawuh babagan tetulung menika. Wonten ing salah setunggal hadist, Kanjeng Nabi dhawuh:

 

عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ نَـفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُـرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا ، نَـفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُـرْبَةً مِنْ كُـرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ

 

Saking Sahabat Abu Hurairah ra, Nabi Muhammad saw paring dhawuh: Sapa wonge kang jembarke (aweh tulung) marang wong mukmin liya kang nandang kesusahan, mangka Gusti Allah bakal jembarke (aweh pitulungan) marang wong mau ana ing Dina Kiamat. (HR Muslim).

 

Tiyang ingkang seneng tetulung, insyaallah bakal angsal ganjaran ingkang ageng. Wonten ing lanjutan hadist menika, dipun sebataken, sapa wonge kang gampangke urusan wong liya, bakal digampangake urusane ana ing Dunya lan Akhirat.

 

Ma'asyiral muslimin rahimakumullah

Ing dalem hadist sanese, Kanjeng Nabi ugi paring pangandikan. Bilih wong kang becik, inggih punika wong kang migunani (aweh manfaat) dhateng wong liya. Aweh manfaat utawi tetulung punika, saget arupi bandha, tenaga, pikiran, utawi paling enteng inggih punika dukungan moril lan dunga.

 

Pramila, mangga kita dadio wong kang entengan. Gelem tetulung marang liyan. Mugi-mugi kita sedaya dipun gampilaken Allah ta’ala, anggene kita gadahi semangat tetulung ing dalem kesaenan. 

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ 

 

Khutbah II

 

  اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ عِبَادَ اللهِ
 

إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ  

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali