Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kanthi Niat, Sedaya Obah Kita Dados Ibadah

Jum, 12 Mei 2023 | 07:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kanthi Niat, Sedaya Obah Kita Dados Ibadah

Ilustrasi: khutbah (NU Online, Mahbib).

Khutbah Jumat ini mengingatkan kita semua bahwa cakupan ibadah di dunia ini sangatlah luas. Berbagai amal atau aktivitas kita di dunia bisa bernilai ibadah, jika diniatkan dengan baik. Sehingga perlu ditata lagi niat kita agar semua aspek aktivitas dalam kehidupan sehari-hari bisa menjadi sebuah ibadah atau bernilai ibadah. Perlu dimulai dengan niat yang benar sehingga aktivitas kita selaras dengan misi hidup di dunia yakni beribadah kepada Allah swt. 

 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kanthi Niat, Sedaya Obah Kita Dados Ibadah". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan dekstop). Semoga bermanfaat! (Redaksi)

 

Khutbah I  

 

 الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ  

 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Raos syukur tansah kita panjataken dhateng Allah ta’ala, sebab kelawan nikmat saha peparingipun kita taksih saget ngelampahi kewajiban ibadah wonten ing dinten Jumat punika.

 

Mugi-mugi kanthi syukur punika, saget nambahi iman saha takwa kita dhateng Allah. 
 

Iman lan takwa punika, dados sangu ingkang penting nalika kita urip ana ing Dunya tumuju maring Akhirat. Kados dene keterangan wonten ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 197: 

 

 وَتَزَوَّدُوا۟ فَإِنَّ خَيْرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقْوَىٰ ۚ وَٱتَّقُونِ يَٰٓأُو۟لِى ٱلْأَلْبَٰبِ  

 

Artosipun, “Lan padha sanguo sira kabeh, mangka luwih bagus-baguse sangu, iku takwa (wedi) marang Allah. Lan takwa (wedi) ha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang anduweni akal.”

 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Ikhtiar kita kagem ningkataken takwa dhateng Allah ta’ala, saget dilampahi kanthi tansah ngeling-eling, bilih tugas kita ana ing Dunya, mboten sanes kejaba namung kagem ngibadah utawi nyembah dhateng Allah ta’ala. Gusti Allah paring dhawuh ana ing Al-Qur'an: 

 

 وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ  

 

Artosipun, “Ingsun (Allah) ora nyiptaake menungsa lan jin, kajaba supaya padha ngibadah maring Ingsun.” (QS Ad Dzariyat: 56). 

 

Jamaah Jumat rahimakumullah 

Para ulama sampun maringi penjelasan babagan ibadah menika, ingkang dipun bagi dados kalih werna, inggih punika ibadah mahdhah lan ibadah ghairu mahdhah

 

Ibadah mahdhah inggih punika ibadah ingkang tata carane sampun dipun tetepke lan dirinci saking keterangan ana ing Al-Qur’an saha hadist, kados dene sifat, wekdal, panggenan, lan sanes-sanese. 
 

Cara nglampahi ibadah mahdlah ugi sampun dipun contohaken kalian Rasulullah saw. Contoh ibadah mahdhah punika kados dene shalat, zakat, puasa, lan haji. 

 

Lajeng, wonten ugi ibadah ghairu mahdhah, ingkang tata caranipun mboten dipun tetepke kanthi rinci, kados dene dzikir, dakwah, sedekah, gawe becik marang sepadha, tulung tinulung, lan liya-liyane.

 

Awit saking keterangan punika, bilih cara lan kesempatan kita ibadah wonten ing Dunyo menika katah sanget. Amal utawi kegiatan kita saget dados kalebet ibadah, menawi ugi kita niatake kanthi sahe. Niat sahe punika dados kunci kita ngawiti lan nglampahi kegiatan saben dina.
 

Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh: 

 

 إِنَّمَا الأَعْمَالُ بِالنِّيَّةِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى  

 

Artosipun, “Wus sakmestine utawi sahe sekabehe amal, iku kudu nganggo niat. Lan sedaya perkara (bakal diwales) miturut apa sing dadi niate.” 

 

Jamaah Jumat rahimakumullah

Pramila, mangga kita tansah nata niat kanthi niat ingkang sahe, supados amal lan sedaya obah kita, kecatet ibadah. Kathah sanget perkawis utawi kegiatan ingkang ketingalipun urusan dunyo, ananging menawi kita niati sahe lan dipun lampahi kanthi mboten nglanggar syariat, malah saget dados amal ibadah. 

 

Contonipun, menawi kita nyambut damel, ampun kita niati namung kanggo golek arta, ananging kita niati ugi kangge ngibadah utawi nyukupi nafkah keluarga, lan niat sahe ingkang sanese. 
 

Rasulullah ugi sampun paring dhawuh: 

 

 كَمْ مِنْ عَمَلٍ يَتَصَوَّرُ بِصُوْرَة أعْمالِ الدّنْياَ وَيَصِيْرُ بِحُسْنِ النِيَّة مِن أَعْمَالِ الآخِرَة، كَمْ مِنْ عَمَلٍ يَتَصَوَّرُ بِصُوْرَة أعْمالِ الأخرة ثُمَّ يَصِيْر مِن أَعْمَالِ الدُّنْيَا بِسُوْءِ النِيَّة  

 

Artosipun, ”Akeh banget amal ingkang ketingal amal dunyo, ananging sebab didasari niat kang sahe, mangka dadi amal akhirat. (Kosok wangsule) Akeh banget amal ingkang ketingal amal akhirat, tapi dicatet dadi amal dunyo, sebab didasari niat kang elek,” 

 

Mugi-mugi kita sedaya dipun gampilaken Allah ta’ala, anggene kita gadahi niat ingkang sahe saha saget nglampahi ngibadah kanthi istiqomah dhateng Allah ta’ala

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ 

 

Khutbah II 
 

  اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
 

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ  

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.