Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kathah Cara Kangge Sedekah

Jum, 26 April 2024 | 07:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kathah Cara Kangge Sedekah

Sedekah. (Foto: NU Online/Freepik)

Bersedekah adalah salah satu jalan mendapatkan pahala dan ikhtiar agar terhindar dari musibah. Adapun cara bersedekah sangat beragam. Mulai dari menyingkirkan sesuatu yang membahayakan di tengah jalan, menebarkan senyum, dan lain sebagainya. 


Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kathah Cara Kangge Sedekah" Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!



Khutbah I


اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، يُؤْتِي الْمُلْكَ مَنْ يَشَاءُ وَيَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ يَشَاءُ وَيُعِزُّ مَنْ يَشَاءُ وَيُذِلُّ مَنْ يَشَاءُ بِيَدِهِ الْخَيْرُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً عَصَمَ اللهُ قَائِلِيهَا دِمَاءَهُمْ وَأَمْوَالَهُمْ إِلَّا بِحَقِّ الإِسْلَامِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ اللهُ بِالْهُدَى رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَبَارِكْ وَسَلِّمْ عَلَيْهِ فِي الأَوَّلِيْنَ وَالأخِرِيْنَ وَفِي كُلِّ حِيْنٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قال الله عز وجل: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Takwa punika dados bagus-baguse sangu kengge kita sedaya. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.


وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ


Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)  


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Sampun kita mangertosi, bilih tujuan kita dipun ciptaake Allah ta'ala menika kangge ngabdi utawi ngibadah dhumateng Allah. Lajeng caranipun ngabdi dhateng Allah menika saget dipun wujudake kelawan nindaake kesaenan ingkang cara utawi dalanipun kathah sanget.


Salah setunggale nindaake kesaenan ingkang kalebet ibadah, saget kita lampahi kanthi sedekah. Sedekah menika sejatosipun perkawis ingkang dados kebutuhan penting kangge saben-saben menungsa. Kados dene dhawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw:


عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ رضي الله عنه قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللهِ صلى الله عليه وسلم: كُلُّ سُلاَمَى مِنَ النَّاسِ عَلَيْهِ صَدَقَةٌ كُلُّ يَومٍ تَطْلُعُ فِيْهِ الشَّمْسُ


Artosipun: "Saking Abu Hurairah radhiyallahu anhu ngendika: Kanjeng Rasulullah shallallaahu alaihi wa sallam dhawuh: Saben saben rosrosan balungé menungsa iku wajib disedekahi ing saben dinané kang srengenge metu ing wayahe," (HR Bukhari Muslim)


Sedekah menika, kajaba dados wujud syukur dhateng Allah ta'ala ingkang sampun maringi kita kenikmatan arupi anggota badan, ugi dados ikhtiar kita supados Gusti Allah paring berkah saha kesaenan marang sedaya anggota badan kita.


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Bilih caranipun sedekah menika ugi macem-macem. Mboten kedah arupi nyaosi arta utawi barang marang wong liya. Saking hadist wau, lajeng Kanjeng Nabi ngendikan, bilih kathah cara utawi dalan kanggo sedekah:


تَعْدِلُ بَيْنَ اثْنَيْنِ صَدَقَةٌ، وَتُعِيْنُ الرَّجُلَ فِي دَابَّتِهِ فَتَحْمِلُه عَلَيْهَا أَوْ تَرْفَعُ لَهُ عَلَيْهَا مَتَاعَهُ صَدَقَةٌ، وَالْكَلِمَةُ الطَّيِّبَةُ صَدَقَةٌ، وَبِكُلِّ خُطْوَةٍ تَمْشِيْهَا إِلَى الصَّلاةِ صَدَقَةٌ، وَتُمِيْطُ الأَذَى عَنِ الطَّرِيْقِ صَدَقَةٌ


Artosipun: "Sira ngrukunaké wong loro kang lagi cecongkrahan iku kalebu sedhekah, Sira awéh pambiyantu marang sawijiné pawongan tumrap kewan tunggangané, banjur sira nulungi supaya bisa munggah ana kewan tunggangané utawa ngunggahaké barang-barangé ana ing kewan tunggangané, iku kalebu sedhekah. Pangucap kang becik iku uga sedhekah. Saben jangkahmu kang tumuju papan kanggo nindakaké shalat (masjid), iku kalebu sedhekah. Lan sira nyingkrihaké gangguan kang ana ing dalan, iku uga kalebu sedhekah." (HR Bukhari Muslim)


Lan ugi tasih kathah cara sanesipun kangge kita saget angsal kautamaan saking sedekah menika. Tegesipun, menawi kita mboten gadah artha, mangka kita saget ngedalaken sedekah tenaga, pikiran, lan ilmu.


Perkawis menika nate ugi dipun tangletake saking para sahabat dhateng Kanjeng Nabi. Para sahabat tanglet, menawi wonten tiyang ingkang sugih bandha sami pikantuk ganjaran ingkang kathah, piyambakipun nindakaken shalat saha siyam kadosdéné sahabat ugi nindakaken, ananging salintunipun niku, piyambakipun ugi pikantuk ganjaran sedekah saking bandhanipun ingkang kathah.


Lajeng Kanjeng Nabi dhawuh:


أَوَلَيْسَ قَدْجَعَلَ اللَّهُ لَكُمْ مَاتَصَدَّقُوْنَ, إِنّ َبِكُلِّ تَسْبِيْحَةٍ صَدَقَةً, وَكُلِّ تَكْبِيْرَةٍ صَدَقَةً, وَكُلِّ تَحْمِيْدَةٍ صَدَقَةً, وَكُلَّ تَهْلِيْلَةٍ صَدَقَةً, وَأَمْرٌ بِالْمَعْرُوْفِ صَدَقَةً, وَنَهْيٌ عَنِ الْمُنْكَرِ صَدَقَةً, وَفِيْ بُضْعِ أَحَدِكُمْ صَدَقَةً


Artosipun: "Apa sira ora mangerténi menawa Allah uga wis maringake marang sira sawijiné perkara kang bisa sira sedekahaké? Satemené ana ing saben saben tasbiih (pangucap subhanallah) iku mujudaké sedekah. Saben takbir (pangucap Allaahu akbar) iku mujudaké sedekah. Saben tahmid (pangucap alhamdulillah) iku mujudaké sedekah. Saben tahlil (pangucap laa ilaaha illallaah) iku mujudaké sedekah. Ajak ajak marang kabecikan iku mujudaké sedhekah." (HR Muslim)


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

Saking keterangan Kanjeng Nabi menika, mangga saget kita pilih, kita amalaken ingkang kula panjenengan raos saget dipun lampahi. Menawi langkung kathah ugi mestinipun langkung sahe. Lan kelawan kita sedekah menika, mugi-mugi Gusti Allah ta'ala maringi kita keberkahan saha nebihaken kita sedaya saking penyakit, balak lan musibah. Amin ya Rabbal Alamin.


جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا.

    باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا   أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ  

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali