Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kunci Saget Istiqamah ing Saben Tahun

Jum, 19 April 2024 | 05:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kunci Saget Istiqamah ing Saben Tahun

Kunci istiqamah. (Foto: NU Online/Freepik)

Ramadhan seolah-seolah menjadi waktu yang memudahkan kita untuk banyak berbuat kebaikan dan ibadah seperti puasa, shalat sunah, sedekah, dan lain sebagainya. Setelah Ramadhan usai, bisakah kita mempertahankannya? Atau dengan kata lain, dapatkah kita istiqamah (konsisten) melakukan amalan ibadah dan kebaikan tersebut?


Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kunci Saget Istiqamah ing Saben Tahun" Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!



Khutbah I


اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، يُؤْتِي الْمُلْكَ مَنْ يَشَاءُ وَيَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ يَشَاءُ وَيُعِزُّ مَنْ يَشَاءُ وَيُذِلُّ مَنْ يَشَاءُ بِيَدِهِ الْخَيْرُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً عَصَمَ اللهُ قَائِلِيهَا دِمَاءَهُمْ وَأَمْوَالَهُمْ إِلَّا بِحَقِّ الإِسْلَامِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ اللهُ بِالْهُدَى رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَبَارِكْ وَسَلِّمْ عَلَيْهِ فِي الأَوَّلِيْنَ وَالأخِرِيْنَ وَفِي كُلِّ حِيْنٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ


أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قال الله عز وجل: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.


وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ


Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)  


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Wonten ing wulan Ramadhan, kita sampun dipun gembleng, kanthi ibadah-ibadah ingkang kita lampahi hampir 24 jam penuh. Pasa, maos Al Quran, sedekah, shalat sunah, pados nafkah, lan amal ibadah sanesipun, ingkang tujuanipun sedaya menika tentu kangge nyuprih rahmat, pangapura, saha ridha saking Gusti Allah ta'ala.


Lajeng, saksampunipun kita pisah kalian Ramadhan, tugas kita inggih punika, supados amalan menika saget kita jaga lan kita mboten kalebet ing kaum ingkang gadah sifat kang elek, kados dene dhawuh salah setunggale ulama, Bisyr Al-Hafi: 


بِئْسَ القَوْمُ لاَ يَعْرِفُوْنَ اللهَ حَقًّا إِلاَّ فِي شَهْرِ رَمَضَانَ إِنَّ الصَّالِحَ الَّذِي يَتَعَبَّدُ وَ يَجْتَهِدُ السَّنَةَ كُلَّهَا


Artosipun: “Sak elek-eleke kaum yaiku kang ngenali Gusti Allah, kajaba namung ing wulan Ramadhan. Saktemene wong kang saleh, yaiku kang padha ngibadah lan temenanan (ing dalem pados ridha Gusti) saben tahun.” (Lathaif Al-Ma’arif, hlm. 390)


Lajeng napa mawon ingkang saget kita lampahi lan dados kunci istiqamah sekaligus jaga kesaenan ing wulan Ramadhan saben tahun?


Amalan pertama, supados kita saget pinaringan istiqamah ing dalem ngibadah dhateng Allah ta'ala, kita saget ngatah-ngatahake maos dunga supados ati kita tansah istiqamah. Antawisipun saget kanthi maos dunga:
 

يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوبِ ثَبِّتْ قَلْبِى عَلَى دِينِكَ


Artinya: “Duh Dzat kang saget molak-malik ati, mugi Panjenengan paringi teteg ati kula, ati kang teteg ing atase agamane Panjenengan.” (HR. Tirmidzi)


Dunga menika, saget kita waos, paling mboten sakbibare kita nglampahi shalat fardhu. Kanthi ati kang teteg, insyaallah kita saget kiat ing dalem ngadepi wolak-walik ing zaman, saha hawa nafsu lan godane setan, ingkang tansah ngajak kita ing dalem kesesatan.


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Ingkang kaping kalih, supados kita saget jaga kesaenan sakbibare Ramadhan utawi ing saben-saben tahun. Kita saget kempal marang tiyang-tiyang kang saleh, kang saget nulari utawi nuduhake kita marang kesaenan. Dhawuhipun Gusti Allah swt:
 

وَاصْبِرْ نَفْسَكَ مَعَ الَّذِينَ يَدْعُونَ رَبَّهُمْ بِالْغَدَاةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيدُونَ وَجْهَهُ


Artosipun: “Lan sabara sira, ing awak ira. Sartane wong-wong kang padha nyembah Pengerane ana ing waktu isuk lan sore, kang anggone ibadah namung karep Dzat e Allah ta'ala (ora kerana bandha utawa liyane).” (QS. Al-Kahfi: 28)


Kanthi kita asring kumpul utawi kekancan dhateng para tiyang saleh, ugi saget nambahi ilmu lan kesaenan dhateng kita. Amalan menika, ugi dipun sebutake dados salah setunggale tamba kangge ati.


Ingkang kaping tiga, tansah ngibadah kanthi istiqamah, senajan taksih sekedik. Kados dene dhawuhe Kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam:


أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ


Artosipun: “Amalan kang paling diremeni marang Allah yaiku amalan kang dilampahi kanthi ajeg (dawam) senajan sitik.” (Muttafaqun ‘Alaih)


Menika tiga perkawis utawi amalan-amalan ingkang saget kita lampahi, supados kita saget nuerusake kesaenan ing wulan Ramadhan. Mugi-mugi kita sedaya dados tiyang ingkang saget istiqamah ing dalem ibadah marang Gusti Allah ta'ala. Amin ya Rabbal Alamin.


جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ . باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِالحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

  اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali