Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ndadosaken Masjid Pusat Ibadah ing wulan Romadhon

Jum, 8 Maret 2024 | 08:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ndadosaken Masjid Pusat Ibadah ing wulan Romadhon

Masjid sebagai pusat ibadah bulan Ramadhan. (Freepik).

Bulan Ramadhan segera tiba. Aktivitas dan semangat ibadah umat Islam pun akan bertambah. Berbagai kegiatan religi digelar dengan ragamnya masing-masing di berbagai tempat. Masjid menjadi tempat favorit dan strategis untuk menggelar kegiatan Ramadhan. Hal ini pun harus terus dipertahankan dan ditingkatkan.
 

Materi khutbah Jumat Bahasa Jawa ini berjudul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ndadosaken Masjid Pusat Ibadah ing wulan Romadhon". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.
 

 

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِ الأَوْقَاتِ، وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الْأَيَّامِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصَامَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وعَلٓى آلِهِ وأَصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الْأَثَامِ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ يَاۤ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ
 


Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo.
Ngawiti khutbah Jumat meniko monggo sami nguataken raos syukur dateng Allah swt ing sampun maringi katah kenikmatan dateng kito sedoyo ing dunyo meniko. Sedoyo meniko kedah kito syukuri biqauli: "Alhamdulillahirabbil 'alamin", kito tancepaken wonten ing ati sak kenceng-kencengipun, lan dipun wujudaken wonten ing amal kito tiap wayahipun. 
 

Salah setunggalipun wujud syukur inggih puniko tansah nglampahi sedoyo perintahipun Gusti Allah lan nebihi dateng sedoyo ingkang dipun larang deneng Allah swt. Menikolah ingkang dipun sebut kalian takwa. Pramilo ing wedal meniko monggo kito ngiataken takwa dateng Allah swt, luwih-luwih ngajengaken wulan Ramadhan ingkang penuh kalian keberkahan. Ningkataken takwa meniko saget kito lakoni kelawan ningkataken ibadah piyambak-piyambak utowo ibadah berjamaah.
 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo.
ibadah-Ibadah ing wulan Ramadhan meniko saget kito tambahi berkah lan keutamaanipun wonten ing masjid. Katah sanget ibadah ingkang saged kito lakoaken wonten ing masjid kados ingkang sampun dados tradisi ing lingkungan kito. Meniko kedah kito uri-uri kranten katah manfangatipun kados dados syiar, nguataken silaturahmi dateng tiyang lintu, makmuraken masjid, lan ningkataken semangat ibadah.
 

Allah swt sampun dawuh wonten ing Qur’an surat At-Taubah ayat 18:
 

اِنَّمَا يَعْمُرُ مَسٰجِدَ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ وَلَمْ يَخْشَ اِلَّا اللّٰهَ ۗفَعَسٰٓى اُولٰۤىِٕكَ اَنْ يَّكُوْنُوْا مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ 
 

Artosipun,“Temen setuhune ingkang makmuraken masjid Allah namung tiyang ingkang iman kalian Allah lan dinten kiamat, ngelaksanaaken sholat, mbayar zakat lan mboten wedi kejobo marang Allah. Tiyang menikolah ingkang dipun arepaken dados golongan ingkang angsal pituduh”
 

Ing ayat meniko dipun sebataken rupi ibadah ingkang saged dipun lakoaken inggih puniko shalat. Meniko saged kito dadosaken motivasi lan semangat ndadosaken masjid pusat ibadah wonten ing wulan Romadhon arupi ibadah sholat berjamaah. Mestinipun mboten anamung ibadah sholat, anangin ibadah lintunipun ugi saged kito amalaken wonten ing masjid.
 

Wonten ing masyarakat, kito saged tingali sampun katah tradisi ibadah ingkang dipun lakoaken wonten ing masjid ngarepi lan saklebete Romadhon. Ngawiti saking tradisi punggahan utawi dungo sareng-sareng ing awal Romadhon, resik-resik masjid utowo mushola, lan lintunipun. Meniko kedah kito uri-uri dipun lajengaken kalian ibadah sholat jamaah lan tentunipun sholat Tarawih ingkang dados kesunahan wonten ing wulan Romadhon.
 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo.
Kito ugi saged ngadaaken ibadah teng masjid kanthi macem-macem ibadah arupi tadarus Al-Qur’an, pengajian, buko puoso sareng, i’tikaf, lan lintu-lintunipun. Mboten anamung ibadah ingkang hubunganipun kalian Allah (hablun minallah), ibadah lintu ingkang nggadahi hubungan kalian menungso (hablun minannas) ugi saged kito laksanaaken wonten ing masjid. Kados ingkang sampun disebut wonten ing surat At-Taubah ayat 18 ingkang sampun kulo sebat inggih puniko ibadah zakat. 
 

Ibadah zakat, sedekah, infak, lan ibadah-ibadah sosial lintunipun saged kito laksanaaken wonten ing masjid kangge ndadosaken masjid pusat ibadah lan ugi ngalap berkah Romadhon. Sedoyo ibadah meniko kedah dipun biasaken wonten ing masjid. Rasulullah ngendiko:
 

إِذَا رَأَيْتُمُ الرَّجُلَ يَعْتَادُ الْمَسَاجِدَ فَاشْهَدُوْا لَهُ بِاْلإِيْمَانِ
 

Artosipun, “Nalikone siro nemu wongkang bioso ibadah wonten ing masjid, moko nyeksenono siro dene wong mau iku wongkang beriman." (HR Riwayat Ahmad, At-Tirmidi, Ibnu Majah lan Al-Hakim saking Abi Sa’id Al-Khudri).
 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo.
Pramilo, monggo kito sami ndadosaken masjid pusat ibadah kito khususipun wonten ing wulan Romadhon. Mboten anamung ibadah-ibadah mahdhoh ingkang sampun dipun tetapaken totocoronipun, nanging ibadah ghairu mahdoh ingkang mboten dipun sukani totocoronipun ugi saged dipun kito lakoaken wonten ing masjid. 
 

Mugi-mugi kito sedoyo tetep dipun paringi taufik lan hidayah ugi kekiatan saged ibadah kelawan mempeng wonten ing wulan Romadhon lan saget pikantuk predikat tiyang-tiyang ingkang bertakwa ingkang dados tujuan ibadah puoso. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

أَعُوذُ بِاللهِ مِن الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحمن الرّحيم. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ. أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ، فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ، وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ، فَمَن تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهُ، وَأَن تَصُومُواْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ
 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ، إنّهُ تَعَالَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
 

 

Khutbah II
 

 َاَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللّٰهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى: اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى، يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
 

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ 

 

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ


 

Ustadz H Muhammad Faizin, Ketua Bidang Humas Data dan Informasi Badan Kesejahteraan Masjid (BKM) Provinsi Lampung.