Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Rahmate Gusti ing Wulan Ramadhan Suci

Jum, 15 Maret 2024 | 08:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Rahmate Gusti ing Wulan Ramadhan Suci

Khutbah Jumat bahasa Jawa. (Foto: NU Online: Freepik)

Dikatakan, keutamaan dalam bulan Ramadhan dibagi menjadi tiga. Pertama, yakni pada awal bulan rahmat, pertengahannya ampunan, dan di akhir terbebas dari neraka. Maka di awal bulan Ramadhan ini, mari kita senantiasa berupaya agar kita mendapat rahmat dari Allah swt.


Materi khutbah Jumat berikut ini dengan judul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Rahmate Gusti ing Wulan Ramadhan Suci." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.



Khutbah I


اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِالأَوْقَاتِ، وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الْأَيَّامِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصَامَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وعَلٓى آلِهِ وأَصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الْأَثَامِ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ يَاۤ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ


Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.


وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ


Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS. Al Baqarah: 197)  


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Wonten salah satunggale keterangan, kaitanipun kalian kautamaan ing wulan Ramadhan. Bilih wulan Pasa menika dibagi ing tiga kautamaan. Ing awal wulan, Gusti Allah nurunke rahmat, lajeng ing pertengahan maringi pangapura, lan ing akhir wulan dipun bebasake saking neraka.


Pramila, ing kesempatan awal Ramadhan menika, mangga kita sami berupaya, supados kita angsal kautamaan angsal rahmatipun Gusti Allah swt. Bilih rahmat utawi welas asihipun Gusti menika jembar sanget.


Contonipun saking penjelasan sifat welas asihe Gusti Allah inggih punika Ar-Rahman lan Ar-Rahim. Wonten ing tafsir Al Ibriz dipun terangake ana ing surat Al-Fatihah ayat 3, bilih Gusti Allah iku persifatan welas asih maring sekabehane makhluk, luwih-luwih marang menungsa kang wis nyata diparingi nikmat wujud kanthi akal lan anggota badan kang sampurna lan nikmat liya-liyane meneh kang gedhe lan lembut.


الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِۙ


Artosipun: "Kang Maha Welas ana ing (dunya lan akhirat) tur Maha Asih (ana ing akhirat blaka)," (QS Al-Fatihah: 3)


Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Rahmat saking Gusti Allah menika, dados pengarep-arep sedaya makhluke. Supados angsal gesang ingkang sahe. Langkung-langkung, benjang ten akhirat, mestinipun kepengin mlebet swargane Gusti Allah.


Kanjeng Nabi nate ngendikan ugi paring tuladha datheng kita umatipun, bilih piyambakipun mawon saget mlebet swarga, mboten kerana amale, nanging sebab rahmat lan fadhilah saking Gusti Allah.


 لَنْ يُدْخِلَ أَحَداً عَمَلُهُ الْجَنَّةَ ...  قَالُوا وَلاَ أَنْتَ يَا رَسُولَ اللَّهِ؟ قَالَ لاَ وَلاَ أَنَا إِلاَّ أَنْ يَتَغَمَّدَنِي اللَّهُ بِفَضْلٍ وَرَحْمَةٍ


Artosipun: "Ora bakal mlebu ing suwarga sapa wong, sebab amale... lajeng para sahabat wonten ingkang tanglet:  termasuk panjenengan Ya Rasulullah? Lajeng Kanjeng Nabi ngendikan: Ya, aku iya ora (mlebet suwarga sebab amal), kajaba namung sebab rahmat lan fadhilah saking Gusti," (HR Bukhari Muslim)


Wonten ing hadist menika, mboten kok nglarang kita ngamal, ananging wonten ing kelanjutan hadits menika, Kanjeng Nabi ugi maringi tambahan keterangan, supados kita mendet ing dalan tengah utawi ingkang seimbang antarane kita ngamal kalian kita gadah pengarep-arep dhateng rahmate Gusti. 


Ugi supaya kita, ati-ati ing dalem tingkah kita, sebab mboten wonten ingkang mangertos perkawis ingkang saget dados sebab tumurune rahmate Gusti. Ugi ingkang paling penting, supados kita mboten pedhot pengarep-arep marang rahmate Gusti.


وَمَن يَقْنَطُ مِن رَّحْمَةِ رَبِّهِ إِلاَّ الضَّآلُّونَ


Artosipun: "Mboten wonten tiyang ingkang putus harapan, saking rahmatipun Pengeran, kejawi namung tiyang-tiyang ingkang sasar," (Al-Hijr: 56)


Para jamaah ingkang minulya,

Pramila, wulan Ramadhan menika wekdal ingkang pas, kangge kita ningkatake amal sahe kita. Nglampahi ibadah pasa, shalat tarawih lan sunah sanese, maos Al-Qur'an, sedekah lan liya-liyane. Sinambi kita tansah gadah pengarep-arep, mugi-mugi Gusti Allah nurunake rahmate maring kita sedaya. Amin ya Rabbal Alamin.


أَعُوذُ بِاللهِ مِن الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحمن الرّحيم. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ فَمَن تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهُ وَأَن تَصُومُواْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ

 باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعَالَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II


اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا   اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللّٰهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ


Ustadz Ajie Najmuddin, Sekretaris MWCNU Banyudono Boyolali