Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nyiapaken Romadhan kelawan Sangu Mental lan Amal

Kam, 29 Februari 2024 | 10:00 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nyiapaken Romadhan kelawan Sangu Mental lan Amal

Ilustrasi Khutbah Jawa: Nyiapaken Romadhan kelawan Sangu Mental lan Amal

Khutbah Jumat Bahasa Jawa kali ini mengajak sekaligus mengingatkan umat Islam untuk mempersiapkan diri menyambut kedatangan bulan suci Ramadhan. Ada beberapa upaya yang penting untuk dilakukan di antaranya adalah menyiapkan bekal berupa mental dan amal.


 

Naskah Khutbah Jumat ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nyiapaken Romadhan kelawan Sangu Mental lan Amal”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! (Redaksi)

 

 

Khutbah I

 

اَلْحَمْدُ للهِ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ فِيْ أَحْسَنِ تَقْوِيْمٍ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْعَظِيْمِ الْكَرِيْمِ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كُنِّيَ بِأَبِي الْقَاسِمِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ
 

اَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۗوَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗيُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ ۖوَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ 


 

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Ngawiti Khutbah Jumat meniko, monggo kito tansah ngungkapaken raos syukur dumateng Allah swt ingkang sampun maringi katah nikmat ingkang mboten saget kito sebat setunggal-setunggalipun. Pramilo, wajib kangge kito ngucapaken ‘Alhamdulillahirabbil alamin ingkang’ saklajengipun dipun iringi kalian tumindak raos syukur dumateng Allah swt.

 

Tumindak raos syukur saged dipun wujudaken kalian nguati raos takwa arupi nindaaken sedoyo perintahipun lan ngedohi laranganipun Gusti Allah. Mugi-mugi raos syukur ingkang dipun kuati kalian raos takwa saged ndadosaken nikmat-nikmat meniko langgeng lan terus dipun tambah deneng Allah swt.
 

 

لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ 

 

Artosipun: “Saktemene, arikolone syukur siro, yekti Aku tambah nikmate siro. Nanging naliko siro kufur ngingkari nikmat-Ku, Saktemene azab-Ku perih.” 


 

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Salah setunggalipun nikmat ingkang sakmeniko kito raosaken inggih puniko kesempatan saged kepanggih wulan Sya’ban. Ing wedal meniko kito sampun dumugi akhiripun wulan Sya’ban ingkang biasanipun dipun sebat kalian tiyang Jawi ‘Wulan Ruwah’. Dipun wastani Ruwah amergi wonten ing wulan meniko, wonten tradisi Jawi inggih puniko Ruwahan arupi ngirim dungo kangge arwah kados maos Yasin lan Tahlil kangge ahli kubur.

 

Tradisi meniko umumipun dipun laksanaaken wonten ing Nisfu Sya’ban utowo akhir-akhir Sya’ban. Lan wonten tanggal akhir wulan Ruwah, umat Islam ugi sami tindak ziarah kubur teng pesarean tiang sepah lan sederek-sederekipun ingkang sampun wangsul dateng gusti Allah.

 

Tradisi meniko ugi dados tondo dene wulan Romadhon bade enggal dugi. Tradisi meniko ugi dados sangu persiapan nyongsong rawuhipun wulan ingkang mulyo ingkang umat Islam kedah mbeto sangu nggenipun nglampahi. Sangu ingkang penting kangge nyongsong Romadhon mboten anamung sangu fisik kados daharan lan unjukan kangge buko puoso. Ananging sangu meniko arupi sangu mental lan amal supados ing wulan Romadhon kito sedoyo saged panen amal ibadah.


 

Abu Bakar Al-Warraq Al-Balkhi wonten ing Lathaiful Maarif lembar 121 nyebataken dene wulan Rejeb meniko wulan nanem, wulan Sya’ban wulan nyiram, lan wulan Romadhon mwniko wulan manen. Dipun umpamaaken wulan Rejeb kados angin, wulan Sya’ban kados mendung ingkang mbeto jawah, lan wulan Ramadhan kados jawah. Sinten mawon mboten nanem wonten ing wulan rejeb, lan mboten nyirami wonten ing wulan Sya’ban, pripun bade panen wonten ing wulan Romadhon?.


 

Pramilo, Jamaah Jumat ingkang minulyo

Kangge nyiapaken duginipun wulan Romadhon, kito sedoyo kedah nyiapaken sangu, mboten anamung sangu fisik kados latihan puoso lan saklintunipun terkait fisik. Kito ugi kedah nyiapaken perkawis arupi mental lan amal. Persiapan mental penting  dipun siapakaen kados nyiapaken ilmu lan pengetahuan babakan puoso lan Romadhon kelawan maos buku lan kitab ugi ngaji sareng ulama.


 

Persiapan mental lintunipun inggih puniko arupi ningkataken raos bungah duginipun wulan Romadhon. Meniko penting sanget kranten saged dados wasilah ningkataken semangat ngibadah lan ugi bagian saking perintah Rasulullah wonten ing haditsipun ingkang kesebat wonten ing Kitab Duratun Nasihin inggih puniko: 

 

مَنْ فَرِحَ بِدُخُولِ رَمَضَانَ حَرَّمَ اللهُ جَسَدَهُ عَلىَ النِّيْرَانِ  

 

Artosipun: "Sopo wonge bungah tekone wulan Romadhon, Yekti Allah bakal ngaramaken jasade mlebu neroko.”
 

 

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Kejobo nyiapaken mental, persiapan amal ugi penting kangge nyongsong wulan Romadhon. Persiapan meniko dipun kawiti kanthi muhasabah nopo ingkang sampun dipun lampahi setahun kapengker. Kito kedah ngetang-ngetang ibadah nopo ingkang mboten saged kito tingkataken kualitas lan kuantitasipun. Ngadepi Romadhon meniko, kito kedah perkuat lan tingkataken supados kito saged manen wonten ing Romadhon.


 

Ningkataken ibadah meniko saged kito tindaaken kelawan nyusun jadwal ibadah ing ndalem sela-selanipun aktivitas pendamelan lintu. Kanthi upaya meniko mugi-mugi kito saged maksimalaken wedal kangge ibadah kados sholat, dzikir, maos Al-Qur’an lan lintu-lintunipun. 


 

Amal ibadah ugi mboten anamung ibadah mahdhoh ingkang sampun dipun pertelaaken aturanipun wonten ing agomo Islam. ibadah ugi wonten ingkang dipun sebat ibadah ghairu mahdhoh inggih puniko ibadah ingkang mboten dipun sebat toto coronipun kanthi rinci. Ibadah meniko arupi sedekah, infak, nolong tiyang ingkang mbetahaken, lan laku sae dateng tiyang lintu kados ngguyu lan uluk salam arikolone kepanggih, meniko juga dipun sebat ibadah. Sedoyo meniko ugi kedah kito lakoni kanthi ikhlas lan istiqamah, mboten ngraos abot anggenipun nglampahi. 


 

Ahli fiqih, Imam Thawus bin Kaisan, nyebataken dene ibadah ingkang paling sae inggih puniko ibadah ingkang paling enteng dipun lakoni:
 

 

أَفْضَلُ الْعِبَادَةِ أَخَفُّهَا 


 

Artosipun: “Ibadah ingkang paling sae inggih puniko ingkang paling enteng.”


 

Maksudipun inggih puniko, ibadah ingkang paling enteng lan dipun remeni bakal lewih saged dipun lakoni kanthi istiqamah utowo langgeng. Istiqamah meniko penting angginipun nglampahi sedoyo amal ibadah wonten ing dunyo.

 

 

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Menikolah babakan penting ingkang saged kito siapaken nyongsong wulan Ramadhan. Mugi-mugi Gusti Allah paring kekiatan dateng kito sedoyo damel ngibadah ing wulan Ramadhan lan wedal-wedal mbenjang saklawasipun. Rasulullah ngendiko:

 

أَنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ إِذَا دَخَلَ رَجَبُ قَالَ اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ


 

Artosipun: “Saktemene Rasulullah saw naliko manjing wulan Romadhon dedungo: Ya Allah berkahi kulo ing wulan Rajab lan Sya’ban lan dumugiaken kulo ing wulan Romadhon.” (HR Al-Bukhari). Amin.
 

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ

 

 

Khutbah II
 

 

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ
 

أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
 

اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


 

Ustadz H. Muhammad Faizin, Sekretaris PCNU Kabupaten Pringsewu, Lampung