Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tuladha Khidmatipun Kanjeng Nabi ing Keluarga
Kamis, 19 September 2024 | 20:00 WIB
Ajie Najmuddin
Kontributor
Nabi Muhammad saw menjadi suri tauladan bagi semua orang, dalam hal apapun. Termasuk, dalam konteks sebagai seorang pemimpin keluarga. Dia mampu menjadi seorang pemimpin sekaligus pelayan bagi keluarganya. Berkhidmat ataupun melayani keluarga dengan sepenuh hati. Sehingga dalam sebuah hadits, dikatakan, Nabi Muhammad adalah orang yang paling baik terhadap keluarga.
Teks khutbah Jumat Bahasa Jawa ini berjudul “Tuladha Khidmatipun Kanjeng Nabi ing Keluarga." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ. أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًا
Maasyiral Muslimin rahimakumullah,
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.
Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah Ta'ala:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)
Para jamaah ingkang minulya,
Gusti Allah swt ndadosake Kanjeng Nabi Muhammad saw tuladha dhateng kita sedaya. Wonten ing Al-Qur'an Gusti Allah paring dhawuh:
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ
Artosipun: "Yekti temen ana iku kanggo sira kabeh ing dalem utusane Allah, apa panutan kang bagus, tumerap wong kang wedi marang Allah lan dina kiamat, lan padha eling marang Allah sarana eling kang akeh." (Surat Al-Ahzab ayat 21)
Salah setunggale tuladha saking Kanjeng Nabi yaiku khidmat utawi ngladosi ing dalem keluarga. Wonten ing hadits ingkang dipun riwayatake Siti Aisyah ra, Kanjeng Nabi paring dhawuh tumrap kepala keluarga supados tumindak becik ing dalem khidmat dhumateng keluargane.
خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لأَهْلِهِ وَأَنَا خَيْرُكُمْ لأَهْلِى
Artosipun: "Sak bagus-baguse sira kabeh, yaiku kang paling apik marang keluargane. Lan aku iku wong kang paling bagus (khidmat) marang keluargaku," (HR Imam Tirmidzi).
Ing dalem kitab kitab maulid Al Barzanji ingkang dipun anggit Syaikh Ja'far Al Barzanji, ugi dipun terangaken sebagian saking akhlak sahe Kanjeng Nabi Muhammad saw, nalika piyambake khidmat ing dalem keluarga.
وَكَانَ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ شَدِيْدَ الْحَيَاءِ وَالتَّوَاضُعِ يَخْصِفُ نَعْلَهُ وَيَرْقَعُ ثَوْبَهُ وَيَحْلُبُ شَاتَهُ وَيَسِيْرُ فِيْ خِدْمَةِ أَهْلِهِ بِسِيْرَةٍ سَرِيَّةٍ
Artosipun: "Lan ana sapa Kanjeng Nabi Muhammad saw, iku banget lingseme (isin) lan tawadhu (andhap asor). Lan dondomi sapa Kanjeng Nabi ing terompahe (sandale) Kanjeng Nabi, lan nambal sapa Kanjeng Nabi ing rasukane Kanjeng Nabi, lan ngepuh (memeras susu) sapa Kanjeng Nabi ing mendone Kanjeng Nabi. Lan tumindhak sapa Kanjeng Nabi ing dalem ngeladeni garwa-garwane Kanjeng Nabi, kelawan tumindhak kang bagus (lan kersa nyapu kotoran omah),"
Para jamaah ingkang minulya
Kanjeng Nabi menika dados pemimpin umat Islam, malahan saget dipun wastani pemimpin sak alam dunyo. Ananging kanthi raos andhap asor menika, Kanjeng Nabi tetep kersa ing dalem nglampahi pendamelan ing rumah tangga saha ngladosi keluargane.
Wonten ing hadits sanesipun, ugi nyeriosake nalika ing ndalem, Kanjeng Nabi saget nyeimbangke antarane ibadah langsung kalian Allah (kaya shalat) lan khidmat ing keluarga.
كَانَ فِي مِهْنَةِ أَهْلِهِ، فَإِذَا حَضَرَتِ الصَّلاَةُ قَامَ إِلَى الصَّلاَةِ
Artosipun: "Lan ana sapa Kanjeng Nabi, nalika wonten ing ndalem, piyambake ndherek ngladosi keluargane, banjur nalika tumeka waktu shalat, piyambake nindhaake shalat," (HR Imam Bukhari).
Kados dene Kanjeng Nabi Muhammad saw, para tiyang saleh saha alim ulama ugi sampun maringi tuladha ing dalem manfaatke wekdal kita saben dinten. Menawi wonten 24 jam wekdal saben dinten, dipun bagi ing tiga bagian.
Pertama, wekdal kangge ibadah dhumateng Allah swt. Kados dene nglampahi shalat, pasa, lan ibadah ingkang sifatipun mahdhah. Kaping kalih, wekdal kangge ngladosi umat utawi kangge nyambut damel, umpamane guru mucal marang murid utawa santri, bapak pados nafkah kangge keluargane, pemimpin ing dalem nyekel tanggung jawab marang rakyate, lan sanes-sanesipun.
Kaping tiga, wekdal kangge istirahat, muhasabah, nulis, utawi nglampahi perkawis ingkang saget dadosake awak lan pikiran tambah sehat, ingkang mboten nyalahi kalian tuntunan agami.
Para jamaah ingkang minulya
Menikalah sifat-sifat ingkang saget kita tiru saking Kanjeng Nabi. Khususipun ing dalem konteks dados kepala ing keluarga. Tuladha punika, mugi-mugi saget dipun tiru dhumateng sedaya umat, khusususipun dhumateng kita sedaya ingkang ngaku dados umate Kanjeng Nabi Muhammad saw.
Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosake kalebet tiyang ingkang slamet lan begja dunya akhirat. Lan mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali
Terpopuler
1
Temui Menkum, KH Ali Masykur Musa Umumkan Keabsahan JATMAN 2024-2029
2
Khutbah Jumat: Pentingnya Amanah dan Kejujuran di Tengah Krisis Kepercayaan Publik
3
Khutbah Jumat: Jangan Ikut Campur Urusan Orang, Fokus Perbaiki Diri
4
AS Kritik Aturan Sertifikasi Halal di Indonesia, Gus Yahya: Kami Punya Kepentingan Lindungi Masyarakat
5
Beasiswa Garuda Buka Kuliah Gratis di Luar Negeri Jenjang S1, Berikut Persyaratan dan Jadwalnya
6
Khutbah Jumat: Kelola Harta dengan Bijak
Terkini
Lihat Semua