Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tuladha saking Kanjeng Nabi kagem Para Pemimpin

NU Online  ·  Jumat, 13 September 2024 | 07:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tuladha saking Kanjeng Nabi kagem Para Pemimpin

Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang teladan Nabi saw bagi Para Pemimpin (NU Online)

Nabi Muhammad saw menjadi suri teladan bagi semua orang, dalam hal apapun. Termasuk, dalam konteks sebagai seorang pemimpin. Sebagaimana para nabi yang memiliki empat sifat wajib, yakni shiddiq, amanah, tabligh, dan fathanah. Demikian pula, keempat sifat tersebut melekat pada Nabi Muhammad saw. Lalu bagaimanakah memaknai teladan empat sifat tersebut dalam konteks kepemimpinan?
 

Teks khutbah Jumat berikut ini dengan judul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tuladha saking Kanjeng Nabi kagem Para Pemimpin." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! 
 

 

Khutbah I
 

الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًا
 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.

Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah Ta'ala:
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (Surat Al-Baqarah ayat 197).  
 

Para jamaah ingkang minulya

Gusti Allah Subhanahu wa ta'ala ndadosake Kanjeng Nabi Muhammad saw, dados tuladha dhateng kita sedaya. Wonten ing Al-Qur'an Gusti Allah paring dhawuh:
 

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ
 

Artosipun: "Yekti temen ana iku kanggo sira kabeh ing dalem utusane Allah, apa panutan kang bagus, tumerap wong kang wedi marang Allah lan dina kiamat, lan padha eling marang Allah sarana eling kang akeh." (Surat Al-Ahzab ayat 21).
 

Kanjeng Nabi Muhammad saw punika dados panutane kita sedaya. Mula umat Islam khususipun, kari manut mawon marang tumindhake Kanjeng Nabi lan ora usah sumelang apa-apa.
 

Tuladha saking Kanjeng Nabi ugi mencakup sedaya perkawis. Kalebet ugi, ing dalem perkawis kepemimpinan. Kita sedaya ingkang dados pemimpin, paling mboten pemimpin ing keluarga kita masing-masing, langkung-langkung tumerap tiyang ingkang dados pemimpin umat, kedah niru sifat-sifate Kanjeng Nabi.
 

Karakter kepemimpinan saking Kanjeng Nabi punika saget kita tiru saking sifat wajibipun para rasul. Wonten ing Kitab Aqidatul Awwam ingkang dipun anggit Syekh Ahmad Marzuqi, dipun terangaken sifat-sifat wajibe para rasul:

 

أَرْسَـلَ أَنْبِيَا ذَوِي فَـطَـانَـهْ * بِالصِّـدْقِ وَالتَـبْلِـيْغِ وَاْلأَمَانَهْ
 

Artosipun: "Gusti Allah sampun ngutus para nabi ingkang gadahi sifat-sifat: fathanah, shiddiq, tabligh, lan amanah."

 

Para jamaah ingkang minulya

Sifat ingkang pertama, inggih punika shiddiq ingkang artosipun temen utawi jujur utawi mboten goroh. Kanjeng Nabi punika, gadahi sifat jujur kawit alit tumeka akhir hayatipun. Kanjeng Nabi, nalika dados pedagang, ugi terkenal jujur.
 

Para pemimpin ingkang jujur, bakal disenengi rakyate. Malah-malah, ugi disegani kalian lawan-lawane. Kosok wangsule pemimpin ingkang goroh utawi seneng ngapusi, mesti bakal disengiti marang umate.
 

Kaping kalih, para pemimpin kedah gadah sifat amanah, tegese ngreksa saking nglampahi awisanipun Pengeran ugi nglampahi tugas lan tanggung jawabe kanthi sahe. Kanjeng Nabi Muhammad saw, rikala taksih timur, nate gawe rukun kaum Quraisy nalika badhe nyelehake hajar aswad ing Ka'bah. Piyambakipun saget damel bersatu kaum Quraisy Mekah, ingkang sakderengipun padha pecah lan congkrah babagan sinten inkang paling pantes nyelehake hajar aswad ing Ka'bah. Nabi lajeng dipun paringi gelar Al-Amin.
 

Pramila, para pemimpin, kedah saget niru sifat amanah punika. Nglampahi tugas lan tanggung jawabe kanthi sahe, saha saget damel rukun umate. kosok wangsule, pemimpin ingkang mboten amanah utawi khianat, piyambakipun menyalahgunakan jabatan, kangge kepentingan pribadi, mboten kangge kepentingan umat. Utawi damel kebijakan ingkang dados sebab kerusakan ing umat. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:

 

فَإِذَا ضُيِّعَتْ الْأَمَانَةُ فَانْتَظِرْ السَّاعَةَ، قَالَ: كَيْفَ إِضَاعَتُهَا؟ قَالَ: إِذَا وُسِّدَ الْأَمْرُ إِلَى غَيْرِ أَهْلِهِ فَانْتَظَرْ السَّاعَةَ
 

Artosipun: “Tatkalane wis ilang apa sifat amanah, mangka titenana/ntenana bakal (kedaden) kiamat," lajeng wonten sahabat kang tanglet, "Kados pripun ilange amanah iku?" Kanjeng Nabi Muhammad saw dhawuh: "Nalika urusan iku dipasrahke dudu marang ahline, mangka ntenana bakal (kedaden) kiamat.” (Hadits riwayat Imam Al-Bukhari).

 

Para jamaah ingkang minulya

Lajeng sifat ingkang nomer tiga, yaiku tabligh tegese nekaaken dhawuh-dhawuh ingkang dipun perintahake saking Allah, supados dipun dugiaken dhateng umat. Para pemimpin ing kedah maring tuladha marang umate. Nalika, para pemimpin maringi kebijakan supaya umate padha tumindak sahe, mestinipun piyambakipun sampun ngawiti rumiyin.
 

Ugi, ing dalem damel kebijakan-kebijakan, mestinipun saget dinikmati umate kanthi asas keadilan. Kosok wangsule, pemimpin ingkang gadahi sifat kitman, bakal ngumpetake perkawis-perkawis ingkang saget dadosake kemaslahatan marang umate.Sifat ingkang terakhir saking
 

Kanjeng Nabi, ingkang saget dipun tiru tumerap para pemimpin, yaiku fathanah, tegese para pemimpin kedah limpat (cerdas) nalaripun. Sebab, nalika mimpin umat ingkang maneka warna, mestinipun para pemimpin kedah maringi kebijakan ingkang pas kalian keadaan zaman, wilayah, lan rakyate. Pramila, dados pemimpin kedah cerdas ing dalem mendet kebijakan. Kosok wangsule, para pemimpin ingkang baladah utawi bodho bakal nyengsaraake umate, sebab mendet kebijakan ingkang keliru.

 

Para jamaah ingkang minulya

Menikalah sifat-sifat ingkang saget kita tiru saking Kanjeng Nabi. Khususipun ing dalem konteks kepempinan. Tuladha punika, mboten namung kangge para pemimpin umat utawi pejabat, ananging ugi kangge kita sedaya ingkang dados pemimpin keluarga.
 

Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosake kalebet tiyang ingkang slamet lan begja dunya akhirat. Lan mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 
 

 

Khutbah II
 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ  وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
 

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali