Khutbah

Khutbah Bahasa Jawa: Mapag Lailatul Qadar, Wengi Sewu Wulan

NU Online  ·  Jumat, 21 Maret 2025 | 08:00 WIB

Khutbah Bahasa Jawa: Mapag Lailatul Qadar, Wengi Sewu Wulan

Khutbah Bahasa Jawa tentang menyambut Lailatul Qadar (NU Online).

Bulan Ramadhan telah memasuki 10 hari terakhir, sebuah periode yang penuh makna. Meskipun keberadaannya diselimuti misteri, 10 hari terakhir ini diyakini sebagai waktu yang sangat istimewa, yaitu Lailatul Qadar. Malam yang satu ini dipercaya memiliki keutamaan luar biasa, yang setiap ibadah di malam tersebut pahalanya setara dengan 1000 bulan. Lailatul Qadar, yang sering disebut sebagai "malam 10 bulan" menyimpan banyak harapan dan keberkahan. Lalu, apa saja yang perlu kita persiapkan untuk meraih kesempatan emas ini?
 

Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut berjudul “Khutbah Bahasa Jawa: Mapag Lailatul Qadar, Wengi Sewu Wulan". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
 


Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى  اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ:  إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ. وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ. لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ. تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ. سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْر
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal" (Surat Al-Baqarah ayat 197).  
 

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya

Alhamdulillah, mboten keraos sakmenika sampun mlebet ing wulan Ramadhan wekdal 10 dinten kang akhir. Wekdal 10 dinten kang akhir punika, dipun percaya bakal dados wekdal rawuhe lailatul qadar, miturut riwayat hadits saking Siti Aisyah radliyallahu ‘anha. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh:
 

تَحرّوْا لَيْلةَ القَدْرِ في الوتْرِ مِنَ العَشْرِ الأَواخِرِ منْ رمَضَانَ
 

Artosipun, "Sliramu padha ngluru lailatul qadar ing dalem itungan (tanggal) ganjil saking sepuluh kang akhire wulan Ramadhan." (HR Al-Bukhari lan Muslim).
 

Awit saking hadits punika, lajeng para ulama kathah ingkang neliti lajeng mendet ijtihad bilih wancine Lailatul Qadar iku wonten ing 10 akhir wulan Ramadhan. Khususipun ing wanci tanggal kang ganjil. Keterangan punika kasebat ing kitab Fathul Qarib, Hasyiah Al-Bajuri, lan Fathul Mu'in lajeng I'anatut Thalibin, bilih Imam As-Syafi'i paring pangandikan Lailatul Qadar punika ing 10 akhir Ramadhan, langkung-langkung ing tanggal kang ganjil kados dene 21, 23, lan sakpiturute.
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Menawi istilah Lailatul Qadar punika ugi sampun kasebat ing Al-Qur'an lan wonten salah setunggale surat ingkang dipunasmani Surat Al-Qadr, ingkang nerangaken tumurune Al-Qur'an nalika wengi kang diarani Lailatul Qadar. Lajeng dipun terangaken babagan Lailatul Qadar, yaiku wengi kang mulya, kang luwih bagus katimbang sewu wulan.
 

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ . وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ . لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ
 

Artosipun, "Setuhune Ingsun (Allah) iku nurunake Al-Qur'an ing dalem wengi kang mulya. Utawi apa iku lailatul qadar mungguh keagungane. Lailatul qadar iku luwih bagus katimbang sewu wulan." (Surat Al-Qadr ayat 1-3).
 

Ingkang den maksud, luwih bagus katimbang sewu wulan yaiku amal ana ing wengi lailatul qadar iku luwih bagus katimbang amal sewu wulan ing liyane wengi Lailatul Qadar. Ana ing wanci lailatul qadar Malaikat Jibril ugi para malaikat sanese padha tumurun kanthi izin saking Gusti Allah saperlu padha uluk salam marang wong-wong mukmin ngantos dumugi wekdal mlethèke fajar. (Tafsir Al-Ibriz, juz 30, koco 2250-2251).
 

تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ. سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْر
 

Artosipun, "Padha tumurun para malaikat lan Malaikat Jibril ing dalem lalatul qadar kelawan izine saking Pengeran, saking saben-saben perkara. Iku padha uluk salam (para malaikat) hingga mlethèke fajar." (Surat Al-Qadr ayat 4-5).
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Pramila, begja kemayangan menawi kita saget kepanggih kalian wengi kang mulya ing wulan Ramadhan, inggih punika lailatul qadar. Mangga kita ndherek mapag lailatul qadar punika kanthi sregep ing ibadah, langkung-langkung ing sepuluh dinten akhir ing wulan Ramadhan.
 

Kanjeng Nabi Muhammad saw kemawon, menawi nalika sampun mlebet sepuluh dinten akhir ing wulan Ramadhan, piyambake tambah kenceng ing dalem ibadah lan nyerak marang Gusti Allah Swt. 
 

​​​​​كَانَ رَسُوْلُ اللهِ يَجْتَهِدُ فِيْ العَشْرِ الأَوَاخِرِ مَالاَ يَجْتَهِدُ فِيْ غَيْرِهِ
 

Artosipun, “Kanjeng Rasulullah saw iku (langkung) temenan ing dalem wanci sepuluh (dinten) akhir ing wulan Ramadhan. Kang mboten den lampahi (Kanjeng Nabi) ing wanci sanese." (HR Muslim).
 

Kajaba tambah sregep ing ibadah, ingkang saget kita lampahi kanthi nglampahi shalat sunnah, maos Al-Qur'an, shalawat, dzikir, lan kesahenan sanesipun, ugi saget kita ngathahaken maos doa nalika sampun mlebet wancine utawi kepanggih kalian lailatul qadar. Doa ingkang dipun riwayataken saking Siti Aisyah saking Kanjeng Nabi Muhammad saw.
 

اَللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ كَرِيمٌ  تُحِبُّ اَلْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّي
 

Artosipun, "Ya Allah, setuhune Panjenengan iku Dzat kang Maha Pangapura lan remen marang wong kang nyuwun pangapura. Mangka mugi Panjenengan paring pangapura dhatêng kula." (HR At-Tirmidzi).
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, saget kepanggih lan angsal keberkahan lan ganjaran saking Lailatul Qadar. Mugi kita ugi saget nglampahi ibadah ing wulan Ramadhan kanthi iman kang jejeg, awak kang sehat wal afiat, saha raos bungah lan istiqamah. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 


Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.  أَمَّا بَعْدُ
 

فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
 

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ   اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ

عٍبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

 


Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali