Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bebayaning Narkoba lan Judi, Rugi ing Dunyo lan Akhirat

NU Online  ·  Jumat, 21 Juni 2024 | 07:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bebayaning Narkoba lan Judi, Rugi ing Dunyo lan Akhirat

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bebayaning Narkoba lan Judi, Rugi ing Dunyo lan Akhirat (freepik).

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bebayaning Narkoba lan Judi, Rugi ing Dunyo lan Akhirat

Judi dan narkoba merupakan dua hal yang sangat meresahkan. Keduanya, dapat merusak fisik (termasuk kehilangan harta benda) dan psikis. Belum lagi, tentunya dosa dan siksa di akhirat kelak. Oleh karena itu, wajib bagi kita untuk menjauhi bahaya judi dan narkoba, agar kita tidak mengalami kerugian di dunia dan akhirat.

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bebayaning Narkoba, Rugi ing Dunyo lan Akhirat”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
 


Khutbah I
 

الحَمْدُ ِللهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اَلْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، اَلْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng kKhatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al-Baqarah: 197).  
 

Sidang Jumat rahimakumullah

Agama gadahi tujuan kemaslahatan utawi kesahenan, ingkang antawisipun diwujudaken kanthi njaga awak (hifdzun nafs), akal (hifdzul aql), lan bandha (hifdzul mal). Sampun kathah usaha kita, kangge mujudake perkawis menika.
 

Salah setunggale, kita jaga awak kita saking bebayaning minuman keras (miras) utawi narkotika lan bahan sanese ingkang bebaya (narkoba). Ugi mboten kalah bebaya, inggih punika totoan (judi), ingkang sakniki malah dikemas menyesuaikan zaman (online).
 

Sampun kita mangertosi, bilih judi lan mengkonsumsi miras utawi narkoba, menika dados perkawis ingkang dipun larang (dipun haramake) kalian agami. Gusti Allah swt sampun paring dhawuh:
 

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالأَنصَابُ وَالأَزْلاَمُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ فَاجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
 

Artosipun, ”Hei, wong kang padha iman, saktemene (ngombe) arak, judi, (korban kanggo) berhala, ngundi nasib nganggo panah, iku kabeh namung kotor kang timbul saking ajakane syaitan. Mula, padha ngadohana sira ing perkara-perkara iku mau, supaya sira kabeh entuk kabegjan.” (QS Al-Ma’idah: 90).
 

Ayat menika, senajan mboten nyebutaken narkotika utawi obat-obatan ingkang gadah sifat bebayani, saget kalebet ing kelompok khamr, tegesipun gadahi dzat kang iso gawe mabok utawi ilange akal. Malahan, bebayaning narkoba menika, wonten ingkang mastani langkung ageng tinimbang arak.
 

Narkoba menika, ugi gadahi efek negatif kang saget ngrusak awak lan pikiran. Menika dados salah setunggale sebab dipun haramake narkotika. Kanjeng Nabi Muhammad saw dhawuh:
 

 عنْ أَبِيْ سَعِيْدٍ سَعْدِ بنِ مَالِكٍ بْنِ سِنَانٍ الخُدْرِيِّ رضي الله عنه أَنَّ رَسُولَ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: لاَ ضَرَرَ وَلاَ ضِرَارَ
 

Artosipun, "Saking Abu Said, Sa’ad bin Malik bin Sinan Al Khudri ra, bilih Rasulullah saw dhawuh: Aja tumindak kang bisa nyilakani awakmu déwé lan bisa nyilakakake wong liya." (HR Ibnu Majah).
 

Sidang Jumat ingkang minulya

Kaping kalih, saking ayat Surat Al Maidah ayat 90 menika nerangaken bebayaning totohan utawi judi. Judi menika perkawis awon ingkang sampun wonten nalika zaman para nabi. Judi dipun haramake, sebab saget ndadosaken rugi utawi bangkrut, arupi ilange bandha. Langkung-langkung menawi sampun kecanduan judi, mboten namung bandha ingkang telas, ananging ugi saget ilang akal sehate.
 

Ingkang kedah dados kawigatosan kita sedaya, judi menika ugi nyesuaike ing zaman. Tegese sak niki kathah sanget bebayaning judi, ingkang awujud online utawi saget dipun akses kalian putra-putri kita.
 

Menika lah, sampun dados kewajiban kita sedaya kangge jaga kita saha keluarga kita, supados mboten melu kabujuk lakune syaitan.  Gusti Allah sampun paring dhawuh:
 

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ
 

Artosipun, "Hai, wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha ngreksaha awak-awak lan keluarga ira kabeh saking geni neraka. Kang empan-empane neraka kui, rupa manungsa kafir lan watu. Kang neraka kui dijaga malaikat-malaikat kang kasar tur keras tindakane, kang malaikat-malaikat mau ora nyulayani Allah ta'ala, tumerap apa kang den perintahake dening Allah ta'ala marang deweke."  (QS At-Tahrim: 6).
 

Para sedherek ingkang minulya

Minangka panutuping atur kula, mangga kita sesarengan nyuwun ing ngarsaning Allah kang Maha Kuwaos, Mugi-mugi kita dipun paringi teguh lan sabar anindaaken dhawuh-dhawuhing agami. Supados angsal Ridha saking Gusti Allah. Mugi-mugi kita sedaya dipun tebihaken saking bebayaning narkoba, judu, lan sedaya perkawis awon sanesipun. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

  جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا  باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ  
 


Khutbah II
 

 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali