Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Tawakal lan Macem-macem Tingkatane
Kamis, 8 Agustus 2024 | 19:00 WIB
Ajie Najmuddin
Kontributor
Setiap orang pasti ingin setiap hal yang ia kerjakan berakhir dengan berhasil dan sukses. Hanya saja, manusia hanya bisa berencana, sedangkan yang Maha Kuasa lah penentunya. Oleh karena itu, penting bagi kita untuk memiliki rasa tawakal, memasrahkan segala sesuatu hanya kepada Allah. Tentu, tawakal ini tidak bisa hadir begitu saja, tetapi perlu kita latih. Sebab tawakal juga ada tingkatannya.
Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Tawakal lan Macem-macem Tingkatane." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ. أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاِلَيْهِ يُرْجَعُ الْاَمْرُ كُلُّهٗ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَࣖ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.
Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah ta'ala:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)
Para jamaah ingkang minulya
Ing sakwajining dina, Kanjeng Nabi Muhammad saw lan para sahabat, badhe nindaaken shalat Ashar. Lajeng wonten tiyang ingkang nitih unta, badhe ndherek shalat. Tiyang wau mboten nyancang untane, banjur badhe langsung ndherek shalat.
Baca Juga
Tawakal dan Tiga Hikmahnya
Ningali kedadosan mekaten, Kanjeng Nabi lajeng nangletake, punapa untane diculke lan mboten dicancang? Lajeng tiyange wau jawab: kula tawakkal marang Allah, menawi Allah sampun nakdirke untaku ilang, senajan dicancang, mesti bakal tetep ilang. Lan kosok wangsule, menawi Allah mboten nakdirke untaku ilang, senajan diculke, mesti bakal ora ilang.
Lajeng Kanjeng Nabi saw paring pangandikan:
اِعْقِلْهَا وَتَوَكَّلْ
Artosipun: "Cancanga (untamu), banjur tawakal sliramu," (HR Imam Tirmidzi)
Para jamaah ingkang minulya
Saking kisah punika, Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun maringi tuladha supados kita tawakal marang Allah ta'ala. Ing dalem gesang kita wonten ing dunya, kita dipun perintah supados tawakal. Tawakal menika tegese pasrah marang Gusti Allah Subhanahu wa ta'ala. Nanging kudu dielingi, yen tawakal iku kudu ba'dal ikhtiar, tegese pasrah iku kudu saksampune ikhtiar.
Kados dene, wonten ing kisah kala wau. Bilih Kanjeng Nabi mrentah supaya nyencang unta, menika dados usaha, supados unta menika mboten ucul. Banjur Nabi prentah tawakal, masrahake usaha menika marang Gusti.
Ugi, menawi wonten tiyang ingkang nandur, mestinipun kudu nandur riyin lajeng dipun usahake supados tandurane kasil sahe. Menawi kita sampun usaha nandur, kita kedahpasrah marang Gusti kang Maha Kuwaos. Dhawuhipun Gusti Allah swt:
وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاِلَيْهِ يُرْجَعُ الْاَمْرُ كُلُّهٗ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَࣖ
Artosipun: "Perkara kang samar-samar ana ing langit lan bumi, iku namung kagungane Allah ta'ala piyambak. Lan marang Allah Ta'ala, sekabehane perkara iku bakal dibalekake. Mula sira (Muhammad) nyembaha lan pasraha marang Allah Ta'ala. Pengeranmu ora bakal lali saking samu barang sira kang padha sira lakoni," (QS Hud ayat 123)
Para jamaah ingkang mugi-mugi dipun rahmati Allah
Wonten ing kitab Durarul Bayan fi Tarjamati Syu'abil Iman, Kiai Haji Bisri Mustofa saking Rembang nerangake tingkatane tawakal, ingkang dipun bagi ing tiga tingkatan.
Tingkat pertama, inggih punika pasrahe kawula marang Allah ta'ala, kaya pasrahe wong marang wakile kang kena dipercaya.
Tingkat kaping kalih, yaiku pasrahe kawula marang Allah ta'ala nganti kaya tingkahe bocah cilik marang ibune. Bocah cilik iku, persasat ora kenal kejaba ibune. Ora tetanggenan kejaba marang ibune. Yen weruh ibune, anggondeli. Yen nuju lara, sing disambati ya ibune.
Lajeng tingkatan tawakal ingkang angka ketiga, iku pasrahe kawula marang Pengeran, kanthi pasrah bongkokan. Kaya dene mayit ana ing tangane wong kang ngedusi, ora bisa miring yen ora diiringake karo wong kang ngedusi. Ora bisa obah, yen ora diobahake karo wong kang ngedusi.
Para jamaah ingkang minulya
Kajaba wonten tingkatanipun, tawakal ugi kedah tansah kita sartani ing dalem kita ngamal utawi nglampahi pekerjaan. Mulai saking kita ngawiti utawi niat, lajeng nalika nglampahi, lan sakwise nglampahi. Dhawuhipun Gusti Allah:
فَاِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ
Artosipun: "Nalikane neja sira, mangka pasraha sira ingatase Allah. Saktemene Gusti Allah iku demen marang wong kang padha pasrah kabeh (tawakal)," (QS Ali 'imran ayat 159)
Kanthi raos tawakal punika, supados mangke menawi kita ngamal utawi nglampahi pekerjaan, tur kita sampun rumaos usaha kanthi maksimal, nanging kok hasile mboten sami kalian ingkang kita karepake, menika lah tawakal. Kita sumelehake sedaya marang Gusti. Insyallah, tawakal menika saget ndadosaken ati lan pikiran kita padhang, mboten stress sebab kabotan pikiran.
Mugi-mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal Alamin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali
Terpopuler
1
Temui Menkum, KH Ali Masykur Musa Umumkan Keabsahan JATMAN 2024-2029
2
Baca Doa Ini untuk Lepas dari Jerat Galau dan Utang
3
Cara KH Hamid Dimyathi Tremas Dorong Santri Aktif Berbahasa Arab
4
Jadwal Lengkap Perjalanan Haji 2025, Jamaah Mulai Berangkat 2 Mei
5
Apel Akbar 1000 Kader Fatayat NU DI Yogyakarta Perkuat Inklusivitas
6
Pengurus Ranting NU, Ujung Tombak Gerakan Nahdlatul Ulama
Terkini
Lihat Semua